Lirik Ladrang Asmorodono

Lirik Ladrang Asmorodono
Lirik Ladrang Asmorodono

Gondo arum Cahyane angenguwung
Cundhuk kembang menur
Kalung sekar melati
Bregas karyo pinulas
Pindho golek kencono
Tembene kang amulat
Temah loro asmoro

Man eman eman eman
Rujak elo rujake wong gawe minum
Lamun kanggo sun puji ojo lalio
Ala bapak
Lamun kanggo sun puji ojo lalio

Gondo arum cahyane angenguwung
Cundhuk kembang menur
Kalung sekar melati
Bregas karyo pinulas
Pindho golek kencono
Tembene kang amulat
Temah loro asmoro

Manis renggo kusumane
Satriyo ing lesan puro
Setyanana dhuh Gustine
Yen laliyo marang siro

Dewo tirto wantahe amungu nendro
Man eman eman eman

Anjasmoro Ari ma mi
Mas mirah kulako warto
Pun kakang tumeking leno
Aneng kuto Probolinggo
Prang tanding lan wuru bismo

Numpak andhong
E jarane kore
Gotong royong nyambut nyambut gawe hae hae

Kariyo mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastro

Baca juga: Lirik ladrang ketawang ibu pertiwi

Tejo tirto atmojo noto rahwono
Man eman eman eman

Wus bejane awak mami
Tan tulus mangestu ing dyah
Dasar gembeng wong acingeng
Ojo gawe wirang bismo
Moro ge patenono
Eman eman wong abagus
Yen kongsi nemahi leno
Next Post Previous Post