Lirik ladrang mugi rahayu

Lirik ladrang mugi rahayu
Lirik ladrang mugi rahayu

Amiwiti sinden sendoning
Pradhangga
gones
pra taruno
Man eman eman eman
Pangkal alabuh negoro
dewo tirto
ramane dewe
Tirto wijiling angkoso
gones
nyenyuwuno
Man eman eman
Mrih kasembadaning sedyo

Rujak nongko rujake poro sarjono
Ojo ngoyo dimen lestari widodo
Rujak wuni bumbune mrico sawiji
Ati ati yen nganti nyidrani janji

Gones
jarwo suryo
man eman eman
Suryo lumaping ancolo

Arum arum mbang melati
Soyo peni rinonce aryo sangsangan
Cecunduke sinawang tan amboseni
Jroning tyas mangesti mugi rahayu

Peksi pito
ramane thole
Sudarma hyang girinoto
gones
lir puspito
man eman eman
Warnaning kusumeng puro

Rujak nongko rujake poro sarjono
Angudio dimen lestari widodo
Rujak nanas pantese wadahi gelas
Tiwas tiwas nglabuhi wong ora welas

Yo mas
Jarwo suryo
Man eman eman
Suryo lumaping ancolo

Arum arum mbang melati
Soyo peni rinonce aryo sangsangan
Cecunduke sinawang tan amboseni
Jroning tyas mangesti mugi rahayu

jarwo tirto
bapakne thole
tirto wijiling angkoso
gones
nyenyuwuno
man eman eman
mrih kasembadaning sedyo

Rujak wuni bumbune mrico sawiji
Ati ati yen nganti nyidrani janji
Rujak elo rujake wong demen ngilo
Lamun kanggo sun muji ojo lali lho

Baca juga: Lirik ladrang balabak

yo mas
wus kapusus
man eman eman
ing driyo manganti siro

Arum arum mbang melati
Soyo peni rinonce aryo sangsangan
Cecunduke sinawang tan amboseni
Jroning tyas mangesti mugi rahayu
Next Post Previous Post