Lirik ladrang Sri widodo

Lirik ladrang Sri widodo
Lirik ladrang Sri widodo

Ee endah temen megane putih memplak mayungi gunung gunung lha lha pancurane katon banyune bening mili mintiring sawah tan ono cicir
Pari jagung ketelo pohong kacange canthele grojogane sor sor
Sah sah anggusah nggetak manuk Per per per kleper manuk mabur

Angripto renggane gunung
imbange jurange yen kadulu saking tebih
Warno biru moyo-moyo, watune alase kang jenar sinawut wilis
E E gawe lam laming paningal Lha lha suwe suwe nandukiro sang respati

Gorak panggusahing manuk prak-prek-prak
Swarane mangka rerengganing sabin
Nggenteyong memedi manuk, yut-siyut, ting-monting, sinendel katarik angin
Ee prayoto banget piguna Lho lho suwe suwe agawe girising peksi Tandur subur banyu mancur sor sor sor, cik kricik, angelebi sabin sabin Protani anggulo wentah, net net net, dhet dhet dhet namekake polo winih Ee nimbuh lawuh tuwuh sawah

Baca juga: Lirik ladrang lere lere sumbangsih

Pinancing pancing sinuluh, yot, theyot, pret cepret, wadher cethul kang ngunthuli
Pra pangon bebek lan mendo, lang polang gitike, agawe nuding anggiring
Ee aneng dadah pinggir margo
Lho lho suwe suwe jenak tancep pinggir kali
Next Post Previous Post