Lirik Lagu Sido Rondo

Lirik Lagu Campursari Sido Rondo
Lirik Lagu Sido Rondo

biyen mulo sliramu wis tak aturi
Golek bojo sing tresno welas sejati
pungkasane sliramu digawe loro
ora wurung sak ikine dadi rondo

lha kepiye kabeh iki wis kebacut
ibarat bubur ora bakal dadi sega
mulo iki getun ku tanpo umpama
ngerti ngono lamaranmu sing tak tompo

kabeh iku ora perlu digetuni
janjiku mbiyen aku saguh ngenteni
kowe lan aku mugo dadi jodone
ra kena prawane tak enteni randane

Baca juga: Lirik lagu sri huning

ora nyono yen kowe sabar ngenteni
neng nyatane tresnamu tulus lan suci
sing tak suwun mas sing gedhe pangapurane
andum tresna bebojoan selawase
Next Post Previous Post