Lirik Bowo Lgm Tak Enteni

Lirik Bowo Lgm Tak Enteni
nonik aprilia

Bowo:

Kiraku.. kowe tan cidro..
Mergo suwe.. tak enteni..
Layang ginowo maruto..
Ambal ambalan ngenteni..
Wus suwe hangenteni..
Rasaku angantu antu..
Pijer krungu semoyo..
Elingo yen tak enteni..
Kledhang-kledhang la kae bocahe teko..

Lgm Tak Enteni:

Tak enteni nimbule si selo langke
Sileme prahu gabus
Meh wae rasaku arep pupus
Nora kendhat rino wengi jroning ati
Terus mrawung anjentung lan bingung

Kasurung mergo wuyung
Kuciwane wong bagus adoh parane
Adoh sesawangan
Nanging koyo tansah nyandhing
Hangenteni kapan rasaku wus sarju
Nadyan nganti sewindu
Karepku sedyaku tanpo jemu

Tak enteni nimbule si selo langke
Sileme prahu gabus..
Meh wae.. rasaku arep pupus
Nora kendhat rino wengi jroning ati
Terus mrawung, anjentung, lan bingung

Kasurung mergo wuyung..
Kuciwane wong manis adoh parane
Adoh sesawangan
Nanging koyo tansah nyandhing..
Hangenteni kapan rasaku wus sarju
Nadyan nganti sewindu
Karepku, sedyaku tanpo jemu
Next Post Previous Post