Lirik Ladrang Subokastowo

Lirik Ladrang Subokastowo
Lirik Ladrang Subokastowo

Tawas pita kelasa kintir ing toya
Ojo tuwas
Yo nduk yo nduk
Ojo tuwas yen sumarah mring ywang sukma

Mideringrat angalangut
Lelono njajah negari
Mubeng tepining samudro
Sumengko hanggraning wukir
Anelasak wono woso
Tumurun ing jurang trebis

Rubeng garwa dustha wri jaladara
Gones gones
Koyo ngopo kang gawe loro asmoro

Sayekti kalamun suwung
Tangeh miripa kang warni
Lan siro pepujaningwang
Manowo dhasaring bumi
Miwah luhuring akasa
Tuwin jroning jalanidi

Jarweng janma janma kang koncatan jiwo
Yo mas yo mas
Wong prawira mati ngrungkepi negoro

Iku ta sopo kang weruh
Nanging kiraning tyas mami
Sanadyan ing bawono
Ana kang madha warni
Maksih sumeh semuniro
Ruruh rarase respati

Jarweng janma
Gones
Jarweng janma janma kang koncatan jiwa
Yo mas
Raden
Wong prawiro
Mati ngrungkepi Negoro
Iring muka
Yo nduk
Watang wadung winursito

Baca juga: Lirik ldr. puspawarno

Sun pepinto
Ojo wangkal marang priyo
Ujung jari
Yo mas yo mas
Gones
Balung rondhoning kalopo
Yo mas yo mas
Winengkuwa sayekti dadi usodo
Next Post Previous Post