lirik lagu lgm ngujiwat

lirik lagu lgm ngujiwat
nonik aprilia

Bowo:
Dhuh Nimas mustika ning wang
Kang ngujiwat maweh reseping ati
Tetulungo rogo ingsun kang ketanam asmara
Esemiro nyirnake lungkrah lan lesu
Ngilangke rasa kang samar
Tresnaku sundul wiyati

Lagu:
Nga lam lami ngujiwati yen anggeget lathi ajinjit alise
Sak solah bawane lencir kuning neng semake

Sinawang yen ngujiwat pamikir tan kuwat kaya arep nekat
Suwe-suwe tamat prasasat arep nggayuh jimat
Yen tengah wengi pangrasaku kaya wis sumandhing
Aduh wong kuning liringe nitra kang wening

Amung tansah tak laleke nanging trus eling nanging trus eling
Wekasan peputonku upomone sekar ojo nganti layu kanggo cecundhukku adhuh ni mas mustikaku
Next Post Previous Post