Lirik Lgm Glatik glindhing laras slendro pathet 9

Lirik Lgm Glatik glindhing laras slendro pathet 9
ririt rengganis

Kinupito kang kukilo
Araniro glatik glinding angliling
Ngolang aling ngliling ngliling kamaliling
Yo bapak salurutan nganiro ngupadi pangan
Dasar cukat tur yo cekat cekat ceket
glatik belang tembong neng pipine tawang
Lanang karo wadon cucuk abang
Abang mbranang

Manuk podang ngelayang nglayang-layang layang
nglayang neng duwur pang
Yo bapak wulu kuning cleret ireng tur mantesi

Manuk emprit prit prit pating cruit prit prit
Salurutan ngeniro ngupadi pangan byuk mbok yo ambyuk byuk podo ambyuk byuk
Ambyuk aneng pasawahan nucuki pari rayahan nucuki pari rayahan delikane aneng patokan

konangan bapak tani bapak tani mingat mingut ambesengat ambesengut notholi parine kesut

Manuk bhetet thiet pating cruwet wet
Rerambatan mbebat turut turut ngepang nggrombole sepirang-pirang wulu mu cucuk abang

Manuk blekok ngon mu ngendok deleg-deleg minto kodok cocok mepet tenggok anjejer aneng tengah anggelirah anggelirih ngulati sandhang pangane

Baca juga: lirik lagu ojo ngece
Next Post Previous Post