Lirik Lgm Rukun Agawe Santoso

Lirik Lgm Rukun Agawe Santoso
nonik aprilia

Ajining diri pribadi
Mung gumantung ing wedaling lathi
Ojo dianggep sepele nyatane
Gede pigunane

Sesanggemaning bebrayan
Ora cukup pangkat sarto bondo
Pinongko jangkeping sesrawungan
Kudu sing waspodo

Ojo nganti gawe gelo mring sapodo-podo
Becik ngalah sawetoro pamrihe
Murih tentrem sakkabehe
Yo mas.. Yo mas..

Kang pantes sinudarsono
Atut runtut tentrem lan raharjo
Rukun biso agawe santoso
Yekti kang jinongko

Baca juga: lirik lgm wiradat
Next Post Previous Post