Lirik pangkur tanjung gunung

Lirik pangkur tanjung gunung
Lirik pangkur tanjung gunung

Si Tanjung gunung
agawe bingung
Tanpo layu tanpo jemu
Niscoyo malengkung

Pasemoni anglam lami
Budhayane amunjuli
Sarwa nyoto tur prasojo
Kaeksi tanjung gunung
Hake hake Hi Yo

Mung pangiraku
Si tanjung gunung
Ingkang maweh edi luhung
Sitanjung edi peni
Si gunung mung tansah
Katon eseme
Ee e e kae wicarane
Ngresepake

Tansah krungu guyune
Pidho wohing tanjung
Manis rasane
Roso sepet madu
Eseme si tanjung gunung
Kuciwo tancepe
Durung santoso adege

Mendah banyu wis nyoto
Balake ora kisruh
Kalamun mangkana
Tanjung gunung angrembuyung
Tan kawuri
Tanjung gunung roso madu
Soyo katon memanise
Angendiko
Asunglir madu pinstika
Dhuh kusumo age meseme
Nyoto dadi usodo broto
Gaeo kae kang
Pidho candrama
Arembyak remyak
Rehma cemeng kaladuk wilis
Roso madu bebasan
Memanise sagung
Wanito Saprojo
Mingkar mingkuring

Pangkur Ngrenas
Mingkar mingkuring ukoro
Akarene karenan Mardi Siwi
Sinawung resmining kidung
Sinubo sinukarto
Mrih Ketarto pakartining
Ngelmu luhung kang tumrap
Ing tanah jowo
Agomo ageming aji

Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kembo kembangan
Ing pambudi
Mongko nadyan tuwo pikun
Yen tan mikani
Roso yekti sepi
Asepo lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak ganyok
Ngleling semi

Baca juga: Lirik lagu kutut manggung

Endahe suwasono
Jagatraya kang cinipto
Saking gunging
Panguwoso
Dening Sahyang
Widhi wasa
Next Post Previous Post