Lirik Langgam Rondo Nunut

Lirik Rondo Nunut
Lirik Rondo Nunut

Randane nunut ora nginang ora ngemut
(ora nginang ora ngemut)

Lambene di grumut semut
(Lambene di grumut semut, bocah bocah kuwe nyolong jagung, kebayane diomeih meneng bae, suwe suwe nggo mantune)

Randane nunut, ora nunut tukang kendang
(ora nunut tukang kendang)

Nunuto sing tukang bonang
(Nunuta sing tukang bonang, pindang pigan pitik bumbune sarwo setithik, ojo ngumbar prawan cilik akeh bujang pathing slidik)

Randane nunut ora nunut tukang bonang
(ora nunut tukang bonang)

Nunuto sing dadi dalang
(nunuta sing dadi dalang, jojang rina rinu sego buket pari runu, cer cer pes pesan pager gelung bunder mambu seger)

Seteruse rondo nunut
Suling toya lodong alit cinangkingan
Takokno wong bagus pundi griyo
(takokena takokena wong bagus pundi griyane)

Suket latar celulang ciut godonge
Ojo drengki wong urip bareng sebumi
(ojo drengki ojo drengki wong urip bareng sebumi)

Jambe dawe, disigar dadi selawe
Mung sawiji kang dadi pilihanku
Janur gunung sakulon banjar patoman
Kadingaren wong bagus gasik tenane
(Kadingaren Kadingaren wong bagus gasik tenane)

Baca juga: Lirik ladrang mondroguno

Pungkaasane randane nunut
Sing moblong moblong moblong dewe
Sing cunong cunong cunong dewe
Rondo nunut banyumasan.
Next Post Previous Post