banyu langit lirik

 Lirik banyu langit


suoro angin angin sing ngreridu ati
ngelingake sliramu sing tak tresnani
pengin nagis ngetokne eluh neng pipi
suwe ra weruh senajan mung ono ngimpi
banyu langit lirik

ngalemo ngalem neng dadaku
tambanono rasa kangen ning atiku
ngalemo ngalem neng aku
ben ra adem kesiram udane dalu

banyu langit sing ono duwur khayangan
watu gedhe kalingan mendunge udan
telesono atine wong sing kasmaran
setyo janji seprene tansah kelingan

ademe gunung merapi purba
melu krungu suaramu ngomongke opo
ademe gunung merapi purba
sing neng Nglanggeran Wonosari Yogyakarta


janjine lungane ra nganti suwe suwe
pamit esuk lungane ra ngati sore
janjine lungo ra ngati smene suwene
nganti kapan tak enteni sak tekane

udan gerimis telesono klambi iki
jroning dada ben ra garing ngekep janji
ora lamis gedhene gonku nresnani
nganti kapan aku ora biso lali

ademe gunung merapi purba
melu krungu suaramu ngomongke opo
ademe gunung merapi purba
sing neng Nglanggeran Wonosari Yogyakarta

janjine lungane ra nganti suwe suwe
pamit esuk lungane ra ngati sore
janjine lungo ra ngati smene suwene
nganti kapan tak enteni sak tekane
Next Post Previous Post