lirik lagu memanik

Lirik lagu sragenan memanik
lirik lagu memanik

Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
pindo retno kang katon malelo
pawelingku mugiyo tansah eling
senadyan adoh rasaku tansah sumanding

Rino wengi aku kang tansah ngenteni
tan pegatan nyidam tetesing tresno
kang satuhu dadi tetaline
atiku kang tansah anandang kasmaran

Wong kuning kembang jroning atiku
asihmu kang ngrenggani
dadi usadane aku kang nandang bronto
lilanono caket mring sliramu
tansah gandeng renteng
koyo mimi mintuno

Tak anti Aning gisik samudro
lelumbaning asmoro
ombak ing prasetyo
tondho anteping tresno
sineksen kuwung hanggarit mendhung
atiku kang wuyung
yen tan gambuh hanglayuh

***

Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
pindo retno kang katon malelo
pawelingku mugiyo tansah eling
senadyan adoh rasaku tansah sumanding

Rino wengi aku kang tansah ngenteni
tan pegatan nyidam tetesing tresno
kang satuhu dadi tetaline
atiku kang tansah anandang kasmaran

Wong kuning kembang jroning atiku
asihmu kang ngrenggani
dadi usadane aku kang nandang bronto
lilanono caket mring sliramu
tansah gandeng renteng
koyo mimi mintuno

Tak anti Aning gisik samudro
lelumbaning asmoro
ombak ing prasetyo
tondho anteping tresno
sineksen kuwung hanggarit mendhung
atiku kang wuyung
yen tan gambuh hanglayuh
Next Post Previous Post