Lirik Lagu Guyonan - SukirGenk

Lyric: Lagu SukirGenk - Lagu Guyonan

Lirik Lagu Guyonan - SukirGenk

Urip pisan jo di gawe ribet
Sareh ati pikire ben ra cupet
Gampang muring marai sirah mumet
Gawe sepet neng batuk dadi semlenget

Gabah rontoki ning witing pari
Ngaku gajah jebule mung iwak teri
Jare simbah kudu guyup nguri uri
Ning nyatane isih podo iri dengki

Ngelu di jamoni cabe puyang
Wong sing nemu bakal mesti kelangan
Ngopi cemilane mendoan
Bareng di tenani wonge malah ngilang

Jadah mambu di wadahi kerdus
Balunge pitik di nggo rebutan tikus
Tikus clurut rumongso dadi gembagus
Plentas plentus polahe ngungkuli kentus

Ngiyup timbang melu kudanan
Jo sepaneng iki mung lagu guyonan
Penting iso sekedar di nggo hiburan
Konco-konco sing lagi ditagih utang


Ngelu di jamoni cabe puyang
Wong sing nemu bakal mesti kelangan
Ngopi cemilane mendoan
Bareng di tenani wonge malah ngilang

Kadung ngomong sayang sing disayangi ilang
Meh dirabi malah digondol garangan

Sing disayang ilang digondol garangan
Sing disayang ilang digondol garangan
Sing disayang ilang digondol garangan
Sing disayang ilang digondol garangan

Next Post Previous Post