Lirik Lagu Lamunan ah ah - Diva Hani

Diva Hani Lagu Lamunan ah ah
Lirik Lagu Lamunan ah ah - Diva Hani


Sumribit angin ratri tansah angenteni
Setya najang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu dhuh yayi

Wong ayu age nyedhak a ing sandhingku
Nyawang manising esemu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu sayangku

Pindho samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Wong ayu age nyedhak a ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku

yoo
Pindho ah ah pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Previous Post