Lirik ladrang kagok semarang

Lirik ladrang kagok semarang
Lirik ladrang kagok semarang

Katon lembeyane merak kesimpir
Leledhang kledang kledang lir angadang
Nyamping parang asesonder cinde
Angore rikma pinacak cemeng keladuk wilis

Ingkang sekar mlati sangsangan rinonce
Nyoto sang putri pasemon wingit kalangkung
Katon mamalatkung maweh nandang wuyung
Sang dyah citrawati rojo putri magada

Siyang pantaraning dalu
Enget warnaning sang pekik
Prabu Sri harjuna sosro
Narendra gung maespati
Kadulu aneng sat noto
Gumantung tumtuning galih

Wus antara suwe anggonku ngenteni
Nawalamu janjine kepiye
Sliramu prasetya surasane ngraketke paseduluran

Biyen katon piye saiki sajake
Ora ngglape apa ta kersane
Ninggalake aku mung sewulan pindhane wus telung windu

Pangrasaku saikine wus antuk gantine
Jo ngono jo ngono eee
mbok yo ojo ngono

Eling ndek biyene prasetyane marang aku
Kok biso bisone sak kersane dewe
Mugo mugo dadi pepelingku

Baca juga: Lirik ladrang santi mulyo

Sigro sigro nayaka
Angayahi karyo pakaryaning projo
Gumregut sengkud cancut taliwondo
Manunggal sedya

Dhampyak dhampyak tinon asri
Swarane gumuruh samya rebut ngarso
Ngestu podo dhawuh sang noto
Sajuru-juru ngayahi karyo
Next Post Previous Post