Lirik ladrang jurang jugrug

Lirik ladrang jurang jugrug
Lirik ladrang jurang jugrug

Wancine bangun rahino
pratane hangglaring saben
Hanggerek kebo lan sapi
beyong tani hanjelih
Dene ono jurang jugrug
kandhegi lining tayuh
Jurang jugrug
yo ro wang podho tumandhang

Jurang jugrug wanci bedhug bebayani
Ayo konco bebantu
ing deso lan pagunungan
Poro tani rino wengi kang podho makarti
Tandur subur omo lebur
gemah ripah tentrem loh jinawi

Setang indro projone sri bumantoro
yo mas yo mas
Projone sri bumantoro
man eman eman eman
Sun wastoro
sun wastoro lamun siro darbe tresno

Jurang jugrug wanci bedhug bebayani
Ayo konco bebantu
ing deso lan pagunungan
Poro tani rino wengi kang podho makarti
Tandur subur omo lebur
gemah ripah tentrem loh jinawi

Ijo ijo kembang kenongo
kembang melati putih rupane
Nduwe bojo ojo sembrono
cukup siji kanggo selawase
Putih putih kembang melati
ijo ijo godhong meniran
Karepe ngono yo mung siji
yen dadi loro iku kebeneran

sing abang pirang-pirang ngono dhik
sing ijo mbok undhuhi
wong sing legan pirang-pirang
sing duwe bojo kok labuhi

ijo ijo dek godhonge jati
ono luwak nggondhol sajen
golek bojo pilih sing gemati
lamun gemati nyang awak kajen

Ijo ijo si manalagi
manalagi legi rasane
Duwe bojo sing gemati
luwih becik tembe mburine
Abang abang wedange jahe
nggo wedangan karo mbakyune
Dadi wong lanang iku patrabe
mung sumelang karo bojone

Baca juga: Lirik ladrang kagok semarang

ijo ijo dhik godhonge rawe
bareng tak pethik kok abang putunge
jane ngono aku ngesir kowe
mung sayange wis ono sing nduwe

etan kali dik kulon kulon yo kali
tengah kali gak onok uwote
etan gemati kulon yo gemati
tak timbang podho a bo te
Next Post Previous Post