Lirik ladrang dirgahayu

Lirik ladrang dirgahayu
Lirik ladrang dirgahayu

Panjang punjung gemah ripah loh jinawi
Karto lan raharjo ing Nuswantoro
Nyoto jero tancepe apan gede obore
Murah Sandang Pangan Dirgahayu

Nyoto lamun Dirgahayu
Tebih saking Suker sakit
Ing ngayomaning pangeran
Opo kang sinedyo dadi
Kang ginayuh Sarwo teko
Sembodo ingkang kaesti

Mujudake bebrayan agung
Sahiyeg saeka kapti
Kacihna lamun manunggal
Tetunggalan lahir batin
Apepayung pancasila
Mangka dhasare negari

Baca juga: Lirik ladrang jurang jugrug

Warno cahyane ngenguwung
Malembar ing njawi nagri
Nuswantoro nyoto mulyo
Ing dusun sarto ing ardi
Datan ono cecengilan
Awit nugrahaning gusti
Next Post Previous Post