Lirik Ladrang Sekar Tejo

Lirik Ladrang Sekar Tejo
Lirik Ladrang Sekar Tejo

Jarwo purwo
Ramane thole
Tunggal basaning baskoro
Raden

Hamiwiti
Kadhangku dewe
Hamiwiti sendhon sindhene pradonggo

Nalikaning rohing ndalu
Wong agung mangsah semedi
Siro kang bolo wanoro
Sadoyo wus sami guling
Nadyan ari sudarsono
Wus bangun nggen iro guling

Gones
Saji siswo
Gones nenes nenes wicarane
Saji siswo arane boso nawolo

Kukusing dupo kumelun
Ngeningken tyas sang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging sanget angikibi
Sang Resi Kanekaputra
Kang anjog saking wiyati

Baca juga: Lirik ladrang dirgahayu

Dewo tirto
Yo romo ramane thole
Dewo tirto wantahe amungu nendro

Kagyat risang kapirangu
Rinangkul kinempit kempit
Dhuh sang retnaning bawono
Ya kitu kang walang ati
Ya kitu kang ngenes ing tyas
Ya kitu tang kudu gering
Next Post Previous Post